Tuesday, September 24, 2019

pidato bahasa jawa


MATA KULIAH                  : ILMU DAKWAH
DOSEN PENGAMPU         : ALI MURTADLO, M. Pd. I
NAMA                                   :  BETY SUZANAH
بسْم الله الرحمن الرحيم

السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ....
الْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَ الصَّلوتُ وَ السَّلاَمُ عَلَى اَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَ عَلَى الِهِ وَ الصَّحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَ شْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ أنَّ مُحمدا رَّسُوْلُ اللهِ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ.
Engkang kawulo hormati, dumateng panjenenganipun Bapak Ratno Ghani selaku rektor Sekolah tinggi Ilmu Tarbiyah Bustanul Ulum. Engkang kawulo hormati, dumateng panjenenganipun Bapak Ali Murtadlo selaku dosen pengampu mata kuliah ilmu dakwah. Soho rencang-rencang, sohabat sohabati ingkang dipun mulyaaken Allah Swt.
Alhamdulillah somonggo kito sareng-sareng manjattaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti Allah atas nikmat rohmat lan karunia nipun, kawulo lan panjenengan tasek diparingi kesehatan, kesadaran, keinsyafan lan keikhlasan. Sehinggo kito seget ngelampahhaken perintah lan kewajibanipun. Sholawat soho salam ugi tansah tercurahaken mareng kanjeng Nabi Muhammad Saw mugi-mugi kito termasuk umatipun pikantuk syafaat ila yaumil qiyamah.  Amiin Allahuma...
Syukron katsir utawi matur simba nuwon sanget, sampun nyukani wedalipun damel belajar bertausiyah, niki ngeh dereng saget nak ken sanjang katah-katah, sagette ngeh beberapa patah, nak mangke tasek katah kalepatan geh yo maklumlah, wong ngeh tase belajar ilmu dakwah. Ingeh puniko temanipun “BERTAUBAT”
Sohabat-sohabati rahimmakumullah.....
Kata taubat niku sejatosipun dipundut saking bahasa Arab تَابَ – يَتُوْبُ – تَوْبَةٌ  artosipun wangsul ngarsanipun gusti Allah. Dados umpaminipun tiang ngelampahi pendamelan engkang awon kedah enggal ngelampahi taubat, keranten meniko sangkeng hukumipun wajib kangge sedoyo umat muslim.
Taubate tiang seng ditampi kaleh gusti Allah niku enten tigo perkoro ngeh meniko perkoronipun:
1.     Ngeroso gettun (menyesal)
2.     Ampun ngelampahi seking perkoro duso
3.     Bertekad mboten ngulangi maleh lan ngelampahaken amal shaleh
Gusti Allah sampun ndawuhaken teng al-Qur’an engkang waosipun mekaten :
وَإِنِّي لَغَفَّارٌ لِمَنْ تَابَ وَآمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا ثُمَّ اهْتَدَى
“Lan sejatosipun Allah Moho pengampun marang tiang engkang taubat, beriman, beramal sholeh, lan selajengipun tetep engkang dalan seng leres.” (QS. Tahaa: 82)
Imam Ghazali niku membagi tingkatanipun taubat enten sekawan (4) :
1.     Taubate tiang engkang  istiqomah ing dalane Allah hinggo akhir hayatipun.
2.     Taubate tiang saking duso seng ageng, namung ing dalem taubate niku diparingi ujian/cobaan sehinggo mboten rumaos ngelampahi duso meleh, tapi ing dalem atinepun ngeroso nyesel sehinggo tiang niku bade mbeciki niatipun. (Taubat tomat)
3.     Taubate tiang saking duso namung mboten lami kerono kalah kaleh hawa nafsune sehinggo tiang kinu damel duso maleh. Namung ngeh tase ngelampahi amal sholeh, lan nyuwon pitulungane Allah sehinggo saget ngendalikne hawa nafsunipun. (Taubat sambel)
4.     Taubate tiang saking duso namung mboten lami sehinggo tiang niku damel duso maleh tanpo  emboten wonten sekedik-nipun raos nyesel. Umpamine kados tiang engkang supe.
Poro sederek engkang kawulo hormati...
Wangsul maleh gen perkawis taubat, Niku umpami kulo utawi jenengan ngelampahi perkawis engkang awon. Kados ibu-ibu seng gaweane rasan-rasan niku jelas empun duso, sangkeng been dinten dilampahi terus mboten rumaos niku dados duso engkang ageng. Niku sekedik gambaran, nekpun ngoten ngeh enggal-enggal ngelampahi taubat.
Gusti Allah sampun ndawuhaken teng al-Qur’an engkang waosipun mekaten :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا تُوبُوا إِلَى اللَّهِ تَوْبَةً نَصُوحًا عَسَى رَبُّكُمْ أَنْ يُكَفِّرَ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيُدْخِلَكُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الأنْهَارُ..
“Hee.....wong-wong kang iman, taubato mareng Allah taubat engkang sak leres-leresipun. Mugi-mugi Allah bade nutupi sedoyo kalepatan-kalepatanmu lan bade ngelebetaken eng ngelebetipun suargo seng ngaler teng andapipun lepen-lepen.....”(QS. At Tahriim : 8)
Nabi Muhammad Saw ugi sampun bersabda:
اِنَّ اللهَ لَايَنْظُرُ اِلَى صُوَرِكُمْ وَلَكِنْ يَنْظُرُاِلَى قُلُوبِكُمْ
“Sejatosipun Allah Ta’ala mboten ningali bentuk rupo lahir panjenengan, kosok wangsulipun seng ditingali atine penjenengan.”
Sedanten menungso niku kanggenane sifat supe utawi lepat, mbok bileh wonten muslim khilaf ngelampahi kalepatan mongko wajib enggal-enggal bertaubat ngeh sak sampune ngelampahi duso alit utawi duso seng ageng. Kito ampun gampangake masalah duso seng alit utawi ageng engkang sampun kulo aturaken kolo wau ngajjeng.
Teng mriki nopo enten seng ajeng ngerencanane taubat ngentosi umur 50 tahun? Enten nopo mboten?  Nak enten niku mboten leres, nak namine umur niku mboten mesti, ngeh nak umur niku ngantos dugi semonten, nak mboten? amergi mboten enten engkang saget ngertos kapan dugine ajal kito, sehinggo monggo kito taubat sak derenge terlambat.
Mugi-mugio kito saget taubat engkang istiqomah sakeng iman lan islam hinggo akhir hayatipun lan mugio sedanten taubatipun tansah dipun ijabahi deneng Allah Swt. Cekap sementen atur kulo mbok bileh katah kelepatan kulo nyuon agunge pangapunten.
Wabillahi taufik walhidayah biridhaa wal inayah.
وَالسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ...



No comments:

Post a Comment

TUGAS KEWIRAUSAHAAN